Artikel Basa Jawa

A. Pangerten Artikel


Artikel yaiku karangan nyata sing jangkep kanthi dawa tinamtu sing digawé kanggo disebaraké lumantar ariwarti (koran), kalawarti (majalah), buletin, lan sapanunggalane. Panulisan artikel ndarbèni ancas kanggo ngandharaké gagasan lan fakta sing bisa ngyakinaké, nggulawentah, lan nyenengake sing maca. Panulis Artikel yaiku pawongan kang nindakaké pakaryan ngarang sawijining tulisan, nggabungaké sawetara tembung dadi ukara kang wigati lan kepénak diwaca, saéngga nggawé wong kang maca ngrasakaké lan mangertèni apa kang sadurungé durung dimangertèni.
Panulis Artikel manéka werna kriteriané, yaiku : 

·         Panulis Artikel Buku
·         Panulis Artikel pawarta
·         Panulis Artikel Marketing
·         Panulis Artikel Online
·         Panulis Artikel Narasi
·         Panulis Artikel Naskah

B.  Jinis-jinise Artikel :
1)    Artikel eksploratif, artikel kang nuduhaké fakta miturut kajian panulisané.
2) Artikel eksplanatif, artikel kang isiné katrangan babagan sawijiné perkara kanggo dimangertèni sing maca.
3)  Artikel dhèskriptif, artikel kang nggambaraké babagan sawijiné pokok perkara kang kadadéyan ing masyarakat. Saéngga wong kang maca kaya weruh, ngrungokaké, lan ngrasakaké babagan kang ditulis.
4)  Artikel prèdhiktif, artikel kang isiné pètungan utawa ramalan babagan apa kang bakal kadadèn miturut pètungan panulis.
5)   Artikel preskriptif, artikel jinis iki mènèhi tuntunan marang pamaos supaya ora klèntu utawa kliru.
6)    Artikel naratif, kang kanthi prasaja naratif bisa diarani crita. Ing artikel narasi ana prastawa utawa kadadéyan ing sawijining wektu. Ing kadadéyan iku ana uga tokoh kang lagi ngadhepi masalah.
7)   Artikel eksposisi, artikel kang isiné panjlèntrèhan babagan sawijining topik kanthi ancas mènèhi tambahan èlmu kanggo wong kang maca.
8)  Artikel argumentasi, artikel kang nduwe ancas kanggo mbuktekake kabeneran sawijining panyaruwe utawa dhudhutan utawa alesan utawa bukti. Ing artikel argumentasi iki, pengarang ngarepake mbenerake panyaruwene saka wong kang maca.
9)  Artikel persuasi, artikel kang ancase kanggo mrabawani wong kang maca kanggo nindakake sawijining pakaryan


Rupa-Rupa Artikel :
1.   Artikel praktis
          Artikel praktis kaya pituduh-pituduh cara nggawe, dandani, lan migunakake piranti. Artikel praktis luwih nekanake keterampilan tinimbang  pangaweruhan utawa analisis kanggo masalah. panulisane luwih cocok nggunakake bentuk karangan narasi. artine, pesen disusun padha karo urutan wayah, kadadean, lan utawa tahapan-tahapan
2.   Artikel entheng
      Artikel entheng biyasane ngrembug masalah-masalah sing entheng ora mbutuhake pamahaman jero. Artikel mangkene ana ing jero rubrik-rubrik kalawarti remaja utawa ariwarti. Artikel entheng biyasa arupa wara-wara utawa lelipur. Macane uga ora mbutuhake gatekan lan konsentrasi kebak. Jenis artikel iki biyasane ana neng panggon umum kaya rumah sakit utawa stasiun
3.   Artikel Opini
Ana ing satemene, kabeh artikel iku opini, ananging artikel sing siji iki dipanggonke ana ing jerone ariwarti utawa kalawarti dipanggonake khusus opini kayata; karikatur, pojok, kolom, lan layang pamaca. Artikel opini biyasane ngoceki kanthi tuntas ngenani- masalah kanthi cara akademis. Mula saka iku, panulise kudu wong-wong sing bener-bener ahli ana ing bidhange. Conto artikel Opini yaiku guru ing jero pamulangan.

C.  Guna nulis Artikel
nulis Artikel tentu ora ucul saka guna nulise, apa wae guna nulis artikel ? guna nulis artikel yaiku dadi iki :
1. nyaka pangakon profesional saka kalangan profesinya.
2. njero panguwasan bidang elmu.
3. Memperlancar undhak-undhakan karir akademik utawa kalungguhanfungsionalnya.
4. Berpartisipasi jero penyebaran lan pengembangan elmu.

Karakteristik Artikel
manut AS Haris Sumadiria (2009:4) artikel nduweni pitu karakteristik:
1.    tinulis karo dhuwur jeneng (by line story);
2.    ngandung gagasan aktual lan utawa kontroversial;
3.    gagasan sing diangkat kudu ngusung kepentingan sakanggonan paling gedhe khalayak pamaca;
4.    tinulis sacara referensial karo visi intelektual;
5.    dicawiske jero basa sing urip, segar, populer, komunikatif;
6.    singkat lan tuntas; lan
7.    orisinal.


Tuladha ! 
                                  KENDHUREN, APA WIS AREP ILANG? 
                                                 Dening Arief Mulyana.  
           Saperangan  ahli  mastani,  agamane  wong  Jawa  sing  temenan  iku  sejatine  aran  Kendhuren.  Kendhuren,  ora  beda  pokoking  ngibadah.  Awit  kanggone  wong  Jawa,  kabeh  perkara kang ana gandheng cenenge karo lakuning urip, wiwit ceprot jabang bayi nganti  tekan  matine,  kalebu  prstawa  liyane,  kayata  nggawe  omah,  lulus  sekolah,  ketampa  nyambut  gawe,  kudu  diKendhureni.  Upacara  Kendhuren  mono  ancase  kanggo  nggayuh  kaslamatan. Muga Kendhuren uga kasebut slametan. Wong kang wus ngleksanani upacara  wujud  Kendhuren  mau,  adate  banjur  rada  ayem  lan  tentrem  atine.  Pancen  kabeh  mau  gumantung kepercayaan pribadine dhewe-dhewe.  
            Miturut  Herusatoto  (  1991),  Kendhuren  iku  kalebu  perangan  tindakan  simbolis  tumrape wong Jawa kanggo memuji lan  nggayuh kaslametan. Apa kang dadi tatacara,  ubarampe  lan  lakuning  upacara  Kendhuren  sejatine  mung  medhia  simbolis  kanggo  nglairake pepinginan utawa panyuwunan marang Dzat Kang Luwih  Kuwasa. Dadi, yen  ditelusuri  tenan,  Kendhuren  iku  kalebu  wujuding  ibadah  tumraping  wong  Jawa  kang  ngleksanani upacara mau, dadi kaya dene donga.  
           Sejatine kapan Kendhuren wiwit ditindakake dening wong Jawa? Tekan saiki ora ana  wong kang ngerti kanthi premati. Sing cetha, tradisi mau tinggalane para leluhur wiwit  kuna-makuna. Nalika para ahli nyiarake agama Islam ing tanah Jawa (abad 14-15), wujud  lan mantrane Kendhuren diowahi, diganti lan dicedhakake marang cara Islam. Mula sing  kaleksanan saiki, kabeh dongane adate nganggo donga-donga Islam saka Qur’an utawa  Hadist. Dadi Kendhuren saiki mono sejatine wis ora muni kaya jaman semana wis owah. 
Apa maneh jamane wis modheren kaya saiki. 

( Kapethik saka Kalawarti Sempulur No. 2 Edisi September 2002)  



Gunung Kelud

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Gunung Kelud
Èlevasi
1,731 metres (5,679 ft)
Gunung Kelud (uga tinelah Kelut, tegesé "sapu"; jeroning basa Walanda kasebut Klut, Cloot, Kloet, utawa Kloete) ya iku gunung geni aktif sing kapernah ing Jawa Wétan, Indonésia.[1] Gunung iki dumunung ing wates antarané Kabupatèn Kadhiri lan Kabupatèn Balitar, kira-kira 27 km wétané Kutha Kadhiri.[1]
Wiwit abad ping 15, punjul wong 15.000-an tiwas amarga Gunung Kelud.[1] Jeblugané ing taun 1586 njalari patiné wong 10.000 luwih,[1] déné jeblugané ing taun 1919 njalari patiné wong 5.000-an ing 104 dhusun.[2] Siklus panjeblugé gunung iki banjur dikira-kira suwéné 15 taunan.[2]
Taun 2007, gunung iki aktif manèh. Aktivitas gunung iki mundhak kawit pungkasané Sèptember tumeka Novèmber 2007, ditandhani saka unggahé suhu banyu ing tlaga-kawahé, undhaké lindhu trémor, sarta malihé warna tlaga-kawah saka ijo dadi putih.[2] Status "awas" banjur dibiwarakaké Pusat Vulkanologi dan Mitigasi Bencana Geologi nalika tanggal 16 Oktober 2007 kapurih warga saenggon padha ngungsi.[2] Pungkasé, Gunung Kelud ora sida njeblug.[2]
Kadadéan-kadadéan mirunggan dumadi kaya ta munculé keluk putih sinartan mujudé kubah lava ing tengahé tlaga-kawah wiwit tanggal 5 Novèmber 2007. Kubah lava iku sangsaya gedhé nganti 100 m dawané.[2] Para ahli ngarani kubah lava iki sing njalari pampeté saluran magma saéngga gunung ora sida njeblug.[2] Ènergi panjeblugé gunung mau kanggo nyurung kubah lava tilasé jeblugan taun 1990.[2]

Isi
Sajarahé jeblugané

Jeblugan 1901

Ing tanggal 22-23 Mèi 1901, Gunung Kelud njeblug ing tengah wengi. Suwéné jeblugan 2 jam punjul nganti pukul 3 ésuk.[3] Nalika samana, awan panas lumubèr ing tlatah Kadhiri. Swarané jeblugan krungu nganti Pekalongan, banjur udané awu nganti tlatah Sukabumi lan Bogor. Kurban jiwané bencana iki ora kétung.

Jeblugan 1919


Gunung Kelud 1919
Ing taun 1919, jeblugané Gunung Kelud kacathet ing sajeroning lapurané Carl Wilhelm Wormser (1876-1946), punggawa Landraad ing Tulungagung, Indhiya Nèderlan. Kapratélakaké, ing tanggal 20 Mèi langit dumadakan peteng. Ilangé srengéngé njalari kabèh sing urip dadi kewedèn lan gumeter. Awu lan watu nalika iku ngudani pakampungan ing sakiteré Gunung Kelud. Warga désa ing pèrèng padha nylametaké ratu-kaya lan ratu-branané. Lakuné wlahar mbesmi sakèhing yasan lan wit-witan sing ana ing pèrèng. Kawah sing nglubèraké wlahar lan awu uga sinartan gas racun. Temahané, alas, palemahan, lan pasawahan kurugan awu[butuh sitiran].
Jeblugan iki sing njalari patiné wong 5.160 punjul lan ngrusak palemahan ambané 15.000 ha amarga lakuné wlahar sing dohé nganti 38 km, masiya inh Kali Warak wis diyasa bendhungan wlahar ing taun 1905[4]. Saliyané iku, Hugo Cool ing taun 1907 tinanggenah ngeruk saluran saka kawah ing èrèng kuloné gunung. Pambudidayané kasil ngguwang awu 4,3 yuta mèter kubik.[5]
Amarga jeblugan iki, banjur diyasa sistem ilèn-ilèn awujud trowongan kanggo ngguwang banyu saka tlaga-kawah. Pambudidaya iki rampung ing taun 1926 kanthi cacah trowongan ana pitu.

Jeblugan 1951

Ing tanggal 31 Agustus 1951, jeblugan Gunung Kelud ing dumadi pukul 06:15 ésuk sing njalari patiné wong pitu lan tatuné wong 157. Jeblugané dumadi ping papat lan njalari udan watu ing sapérangan tlatah Margamulya. Udan awu dumadi ing dalem sajam lan ngambah Kutha Bandung ing Jawa Kulon.

Jeblugan 1966

Jeblugan dumadi ing tanggal 26 April 1966 pukul 20:15. Jeblugan iki sinartan lumubèré wlahar di saujuré kali ing pèrèngé. Wong 210 nemahi pati amarga jeblugan iki.
Saliyané iku, trowongan sing ana rusak. Mulané, banjur diyasa trowongan anyar. Pernahé 45 mèter ing sangisoré trowongan lawas. Trowongan iku rampung taun 1967 lan dijenengi Trowongan Ampera. Saluran-saluran iki kanggo njaga volume kawah supaya panggah ing 2,5 yuta mèter kubik[4].

Jeblugan 1990

Jeblugan Gunung Kelud taun 1990 dumadi 45 dina terus-terusan, kawit tanggal 10 Fèbruari 1990 tumeka 13 Maret 1990. Ing dalem mangsa jeblugan iki, material vulkanik sing diwetokaké kèhé 57,3 yuta mèter kubik. Wlahar lumubèr saka tlaga-kawah dohé nganti 24 km lumantar 11 kali sing tuké ing Gunung Kelud.
Jeblugan iki ngurug trowongan Ampera sing prosès normalisasiné rampung ing taun 1994.

Jeblugan 2007

Ing taun 2007, jeblugané Gunung Kelud ora ngatonaké yèn èksplosif kaya ta taun-taun sadurungé. Sing dumadi ya iku munculé kubah lava sing gedhé ing cangkemé kawah Kelud. Kubah iku kacathet wiwit tanggal 5 Novèmber 2007 sing banjur saya gedhé nganti ambané 100 mèter. Ing kadadéan iku, keluk putih kandel metu saka tengahé tlaga-kawah sing thukul kubah-lavané.

Jeblugan 2014


Kahanan dalan Malioboro amarga udan awu saka jeblugan Gunung Kelud 2014
Mundhaké aktivitas Gunung Kelud kawiwitan ing pungkasané taun 2013.[6] Nalika tanggal 10 Fèbruari 2014, Gunung Kelud diunggahaké statusé dadi Siaga. Ing tanggal 13 Fèbruari 2014 pukul 21:15, banjur dibiwara yèn Gunung Kelud statusé malih Awas (Level IV), ya iku status sing mbebayani dhéwé.[7] Mulané, kiteran 10 km saka pucuk gunung wajib dikosongaké saka warga. Ing pukul 22:50, jeblugan dumadi. Jeblugané èksplosif kaya ing taun 1990 (ing taun 2007 jinisé èfusif, ya iku arupa iliné wlahar) sing njalari udan krikil sing dirasakaké warga ing Kacamatan Ngancar, Kadhiri, Jawa Wétan[8]. Laladan Wates banjur didadèkaké papan pangungsèné warga sing padunungané 10 kilomèter saka kubah lava, mituruti pamrayogané Pusat Vulkanologi, Mitigasi, dan Bencana Geologi (PVMBG).[9] Swara jeblugané dilapuraké krungu nganti laladan Sala lan Yogyakarta (200 km),[10] uga Purbalingga (kurang luwih 300 km).




Sumber :
  1. http://jv.wikipedia.org/wiki/Artikel
  2. http://kroyolor.blogspot.com/2011/09/setunggaling-tuladha-wara-wara-wara.html,
  3. http://iptekbahari.blogspot.com/2014/02/pengertian-manfaat-karakteristik-dan.html
  4. http://caramenulisbuku.com/cara-menulis-artikel/cara-menulis-artikel-yang-baik.html
  5. https://jv.wikipedia.org/wiki/Gunung_Kelud
  6. http://setohandoko.blogspot.co.id/2014/09/artikel.html



Komentar